Kamis, 25 Agustus 2016

NONTON BIOSKOP

Jam 8 isuk ning kantor bioskop.......
"kriiiiing....." ☎ telpon nang meja bioskop 21 muni...!!!!!

Mukidi : ‘Halloow mas.... aku arep takon bioskop bukak jam pira....? “

Penjaga : ‘jam siji mas.’

Mukidi : Bisa buka jam sanga ora mas ??

Penjaga : ‘ Ora bisa...... biasa jam siji bukake.’

Jam 11 telpon muni maneh......
Mukidi : Halloow..... Jam pira bukake bioskop?????

Penjaga :  “sampeyan sing nelpon mau ya mas??? Lak wis dikandani.. bukake jam 1”πŸ˜ƒ

Mukidi :” jam rolas ora bisa ta mas??????

Penjaga : "Ora bisa!!!!.... bioskope mbahmu pa!! “

Mukidi : “Ngenyang sitik wae  mas... gak apa2 wis setengah siji wae ya......????? "

Penjaga : (dongkol atine )...."sakjane sampeyan arep nonton pilem apa toh.....kok telpon terus terusan.. ??"

Mukidi : (karo nangis ) “ aku iki kekunci nang njero bioskop mas..... mau bengi pas nonton  pilem keturon.... tulungana ta mas..... bukakke lawange.... aku pingin mulih..” πŸ˜…πŸ˜…πŸ˜„πŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒπŸƒ

Mukidi πŸ˜‚mukidi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar