Kamis, 25 Agustus 2016

MUKIDI BIKIN ULAH

Mukidi lungguh dewekan nang Bar. Koncone sing jenenge Abon mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu-uayu, terus lungguh kursi, gayane ngebosi koyo raja minyak, guyon cekakakan karo cipika cipiki,
wis pokok'e marai kemropok neng ati...

Mukidi mbatin, "Kapan nasibku koyo Abon.
Lha aku wong wedok siji wae ora gablek.."
Pas Abon mlaku nang Bar,
Mukidi ono kesempatan takon:
"Bon, piye carane awakmu iso oleh wedokan ayu-ayu?"

Abon: "Ojo crito-crito yo, tak kandhani rahasiane...
Lek awakmu dolan rene maneh... 
begitu awakmu lungguh neng bar, uncalno kunci mobil neng mejo bar,
Pasti wong wedok-wedok podo marani"

Mukidi : "Tapi aku gak duwe mobile,..
aku mung duwe sepeda montor wis elek, knalpote ucul pisan..."

Abon: "Awakmu cuma perlu gantungan + kunci mobil palsu...

Sesuk bengine, Mukidi kledhang-kledhang mlebu kafe.
Abon wis ono neng jero lungguh karo wong wedok telu.

Mukidi  marani bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobil FERRARI neng duwur mejo bar.....
gak ono reaksi babar pisan....

Kunci dijupuk maneh disak'i......
Bareng ono wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja bar.....
Gak ono reaksi maneh, malah diguyu-guyu.

Abon sing wiwit mau ngawasi ndang wae langsung marani Mukidi, karo mbisiki.....

"..awakmu iku lho,... pancen Guuendheng  tenan kok Di !? goublog rak entek2 .....
COPOTEN DHISIK HELM  sepeda montormu...!!!"   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar