Kamis, 25 Agustus 2016

DIKUTUK DADI WATU

Mukidi karo Jolodong bocah2 cilik sing senengane nginjen. wong adus.

Dina kuwi bocah kaloron lagi nginjen Yu Juminten sing lagi adus neng kamar mandi umum sing mung dialing-alingi seng.

Nalika sakwetara nginjen, ujug-ujug Mukidi langsung mlayu nggenjrit. Jolodong sing kaget langsung ngoyak Mukidi banter banget. Mbasan wis kesel mlayu, Mukidi banjur leren wis ora kuat maneh.

Karo menggeh-menggeh Jolodong takon marang Mukidi...

Jolodong: Di, jinguk tenan kok kowe ki ndadak mlayu barang ngapa?

Mukidi: aku wedi-e Dong

Jolodong: lha wedi karo apa to?

Mukidi: wingi kuwi aku dikandhani simbok, nek seneng nginjeni wong adus aku bakal dikutuk dadi watu. Lha, mau kuwi manukku wis krasa atos jee 😄🏃🏃.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar